NASKAH PIDATO
BAHASA JAWA DENGAN TEMA
“PENTINGIPUN
PENDIDIKAN KARAKTER KAGEM GENERASI AGAMI LAN NEGORO”
(Pimpinan Ranting IPPNU Kedungleper, Bangsri, Jepara)
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى فَضَّلَ بَنِيْ أَدَمَ بِا لْعِلْمِ وَالْعَمَلِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ عَلَى كُلِّ حَالٍ. وَ عَلَى اَلِهِ وَاَصْحَا بِهِ اَصْحَابِ الْكَرَامَةِ وَالْكَمَلْ أمّا بعد
Dumateng sedoyo dewan
juri engkang tansah kawulo mulyoaken........
Dumateng pemudo-pemudi
pengurus Ancab IPNU IPPNU Kec. Bangsri lan sedoyo rencang-rencang engkang
tansah kawulo tresnani.....
Minangkani
awalipun atur kulo ing mriki kulo muji syukur Alhamdulillah dateng Alloh SWT
ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat, Ni’mat, lan Hidayah dumateng kito
sedoyo sahinggo saged makempal wonten majlis ingkang insyaAllah lumeber
kaberkahan sangkeng Allah.......
Kanti
ngendikan Allohummasholli ’ala sayyidina Muhammad.... monggo kito sareng-sareng
ngaturaken sholawat lan salam dumateng bendoro kito Nabi Muhammad SAW seroyo ajeng-ajeng
rohmatipun Gusti Allah lan mugi Kanjeng Nabi kerso pareng syafa’atul udzmahipun
dumateng kito sedoyo benjang dinten akhir...Amin!
Kawulo
ngaturaken matursembahnuwun sanget kalian wekdal engkang sampun diparengaken
dumateng kawulo saperlu ngaturaken pinten-pinten pesen dumateng panjenengan
sami engkang judulipun Pentingipun pendidikan karakter kagem generasi agami lan
negoro....
Poro rawuh ingkang
kawulo hormati !
Negoro engkang
mayoritas warganipun meniko tiang Islam, khususipun warga NU, Negoro Indonesia
meniko terkenal kalian kesantunanipun lan kesopananipun. Penyebabipun enjih meniko warga
Indonesia takseh ngugemi nilai-nilai agami, lan Indonesia takseh dereng
terserang arus globalisasi.
Kelawan
nilai-nilai agami engkang luhur, Indonesia nunjuaken bileh warganipun sakestu
saget ngelampahaken nopo engkang dados tujuan diutusipun Gusti Kanjeng Nabi
Muhammad SAW enjeh meniko nyampurnaaken akhlak kados hadits nabi innama
dst............... engkang artosipun.....
Namun, wonten
zaman akhir niki keadaan kados niku sampun angil olehe nemuaaken... Zaman
sampun berubah eng pundi Indonesia sakmeniko sampun diserang kalian krisis
moral generasipun. Pengaruh awon sangkeng arus globalisasi lan majunipun
teknologi andadosaken pemuda pemudi kito rusak lan nemen olehe awone. Nopotoh
kito mboten ajreh lan kawatir kalian perkawes ngoteniku? Awone akhlak generasi
meniko saget dadosaken rusakipun negoro lan peradaban. Amargi generasi meniko
benjang dados tiang sepuh lan dados
tiang engkang bakalipun ngasto ilmu lan kekuasaan. Lajeng, nopo engkang saget
kito lampahi supados moral generasi Indonesia saget tambah sae? pendidikan
karakter atawi pendidikan moral meniko saget dados solusi....
Poro rawuh ingkang kawulo
hormati !
Pendidikan karakter saget diartosaken usaha
kito kanti sengojo engndalem sedoyo dimensi kauripan wonten sekolah atawi
madrasah saperlu bantu pembentukan karakter kanti optimal. Pendidikan karakter
niki kedah dilaksanaaken miwit alit, remaja, ngantos dewoso sahinggo saget
bentuk karakter langkung sae lan mugio mboten enten maleh murid engkang
tawuran, nyontek, males-malesan lan liyan-liyane.
Konsep
pendidikan karakter meniko dimasukaken eng selo-selone kurikulum, dados mboten
kedah enten tambahan mata pelajaran khusus tapi kalian metode engkang beragam.
Contonipun metode pembiasaan, keteladanan, pujian lan sanksi. Kinten-kinten
enten 18 nilai-nilai karakter salah sawijine enggeh meniko kadisiplinan lan
kajujuran. Disiplin lan jujur meniko kunci kasuksesan.
Poro rawuh ingkang
kawulo hormati !
Wonten 3
komponen penting supados pendidikan karakter meniko terwujud sae, injeh meniko
tiang sepah, guru lan, masyarakat. Tiang sepah supados perduli lan merhatosaken
pendidikan karakter putra lan putrinipun. Ampun malah dados penghambat
perkembangan karakter putro. Bapak lan Ibu guru ugi kedah pareng tauladan lan
pembinaan engkang sae, terutami kepala madrosah engkang dados kunci utama
kasuksesanipun pendidikan karakter wonten sekolah. Anapun pendidikan karakter
wonten lingkungan perlu dipun perhatosaken ugi kalian masyarakat. Sahingga
lare-lare meniko saget mujudaken pendidikan karakter ten keluargo, sekolah lan
lingkungan masyarakatipun.
Poro rawuh ingkang kawulo
hormati !
Monggo kito
sareng-sareng gegayutan mujudaken pendidikan karakter milai sakniki, milai sangking pribadi
piyambak, milai sangking perkawis alit. Mugi-mugi
pendidikan wonten negoro kito langkung sae lan maju.
Cekap semanten atur
kuwulo, kirang langkungipun, kulo nyuwun pangapunten.
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
Buatkan pidato bhs jawa dgn tema mujudaken karakter patriotisme wonten sekolah,, dong(:
BalasHapusKe banyakan
BalasHapus